Perintis saka sikil meja

08.13 0 komentar
Perintis saka sikil meja

Jenengku ardi, aku ora dilahirno soko keluarga sugih. Aku yo ora ahli matematika. Aku di lahirno soko keluarga sederhana. Golek duit gawe pangan anggel opo maneh gawe foya" jan ora cukup :v. Ekonomi tambah mudun sak joke aku di tinggal bapakku seda umur 17th. aku mutusno gae mandek sekolah lan dadi sosok bapak gae kaluwargaku. ngilingake,aku dadi kakung nang kaluwargaku. ngilingake makku sing ora nduweni pengalaman golek duit,aku mutusno dadi tulang punggung kaluwargaku

sesuai ambek omonganku "ojo nampung pas gak onok, amarga isih ono dalan. temenono"

aku mikir gae carane golek duit lan nglanjutno sekolahe adek adekku.

ing urip kesusahanku iki, gusti Allah nglimpahno rejeki gae nyukupi uripe kaluwargaku. Ing desa nggon ku lahir ono alas kang ombo. Aku nyoba mikir yok piye ngatasi masalah ekomomi keluargaku. Muncul ide kanggo ngumpulno ranting ranting banjur tak dol nang pengepul kayu bakar. Saben dino aku ngumpulno kayu tapi isih ra cukup kanggo nyukupi kebutuhane keluargaku. Aku berusaha mikir maneh. Piye carane iso nambah penghasilanku lan iso nutupi kabeh utang seng wes numpuk nang keluargaku. Tekan ranting ranting sing nduwe diameter kang gedhe aku mikir senajan nggwe op aku tekan rnting iki.miniatur hewan,kendaraan wis takciptana saka driji drijiku gawe nggawe iku kang ora butuh modal opo opo. Aku nyileh piranti mahat lan ben sore aku ngunjungi panggonan pengrajin kayu jati, gawe jaluk piro piro kertas pasir amplas sing wes gak kanggo lan piro piro kayu kayu cilik sing enek nang tumpukan e sampah. Gara gara keapikan ati sing nduwe panggon pengrajin kayu jati, hasilku perdino nambah, saka 5000 perdinone dadi 15000 perdino.

Nguasi miniatur gawenanku payu ning kalangan bocah bocah desa lan skil pahatanku, sing nduwe panggon pengrajin kayu nawarake penggawean nang aku. Yo mesti ae aku nrimo karo perasaan seneng. Mulanr aku dadi buruh ngangkati kayu, sakbendino aku merhatikne para pengrajin mahat kayu kayu iku siji siji. Mirsani ketekunan lan keseriusan anggonku kerjo sampeyan ngulangi aku cara mahat kayu.jati sng bener,tekan latian2 sampeyan ngomong yen karyaku apik. Saben ukiranku nduwe ciri dewe,lan sampeyan ngangkat aku dadi pengrajin kau jati. Penghasilanku bendinane terus nambah mula iku utang piutang keluargaku bakal iso disaur kabeh. daleme ngutus aku ngerampungake ukiran meja saking desa sebrang. Sing tak lakokake pertama yaiku ngukir saka sikil meja disik. Menurutku kesuksesan iku podo ae karo ngukir mejo, tekan ndisor lanjut menduwur. iku suatu perumpaan sing bisa tak simpulake. Kanggo dadi sukses iku ora gampang . Awakdwe kudu soro kait awal suwi suwi iso sampe puncak e . Sukses menurut saben uwong beda. Kanggo ku kesuksesan iku  nang endi aku iso nyenengno keluarga lan iso sekolah sakduwur duwur e kanggo loro adikku.

Panggonan pengrajinan kayu jati wis tambah akeh kanthi cepet perkembangane , malah kita wis diwiwiti ngekspor karya  kita ing kutha kutha . Saka kursi , tabel , lemantun , kasur lan akeh liyane . Pemilik saka panggon pengerajin kabuka cabang ing kutha lan dipercaya kula kanggo ngurusi toko ing kutha kasebut , saka pemahatan sampek kanggo dodolan . Aku seneng banget , iki mungkin asil kabeh kerja keras lan kejujuranku  wektu kerjo ing mriki. Wes pirang pirang taun aku kerja karo deweke, saiki adhiku wadon kapisan wes lulus kuliah lan adhiku wadon sing terakhir wes tamat SMA. bekne wae susahku iki wes rada kurang, adhiku sing kapisan sing jenenge Karin iki wes entuk gawean ing kutha. Wes wayah e akuu mikirno masa depanku lan keluargaku. Wes cukup aku urip susah taun taunan  aku gak pengen nek mben  aku ngrasaskno pas masa ku sengsara.teko hasil kerjaku aku nabung setengah e kabehe tak kekno ibu gawe  ngurusi kebutuhan urip keluarga.

Wes suwe aku ngumpulno duwek gawe tuku pekarangan sng kate tak dadekke kebonan. Tekan Sarah tas lulus SMA nganti SARAH wis lulus kuliah. Aku isih mampu tuku sawah sing ambane mung 1 hektar.tekan kebon mau aku nandur wit wit buah sing nguntungake,wit telo sing tak tandur ing sela sela e wit jati.

Wes welasan taun aku kerjo  dadi tukang kayu.tekan buruh. Terus dadi sing ngukir kayu sampe dadi managwr wes tak lakoni teko umur pitulas  tahun sampe  telung puluh tahun. Kebunananku sak iki wes lancar mlakune.kabeh tabunganku .sawah ngon e karin adikku.

Awakdwe mbangun toko  pengrajin kayu jati teko aku sing awal e sing dadi buruh.sak iki  aku dadi mandor sing ndwe sepuluh pegawai.

Kabeh sukses aku wis ngrambah ora dipunapunten saka gaweyan , karya lan pandonga lan berkah saka ibu sing tansah ngancani langkah kula . kerja keras , telaten , kejujuran , keiklasan , lan keta'bahan iku seng aku mulang ing anak-anakku liyan wektu . Ya , kabeh wong ing donya iki ora onok sing sampurna , nanging Gusti Allah sampun nggadah cara saben kanggo saben wong . Ono , tekad lan semangat seng bakal ngawal wong gawe entuk kesuksesan


"Ngadepi urip marang sabar. Urip iki senajan wis ana sing ngatir. Kita sedaya sing dadi lakon ing cerito kudu iso ngadepi kabeh prakoro sing wis ditulis marang gusti lan mboten oleh ngeluh"
Share Share Tweet Share

0 thoughts on "Perintis saka sikil meja"

LEAVE A REPLY