Bal-balan sampek sempel

08.45 1 komentar

Bal-balan sampek sempel

Dino minggu jam 6 isuk wingi, aku mlayu-mlayu ngubengi alun-alun kutha alias jogging. Nang alun-alun iku ora mung aku seng jogging, tapi ya akeh bocah, wong tuwo lan sak podo umuranku sing jogging. Mari oleh telung uteran, aku leren amergo kesel menisan tuku banyu aqua nang wong dodol sego pecel ngarepe mesjid alun-alun. Pas aku lagi enak ngombe, aku nguwasi arek bal-balan nang njero alun-alun ketok seru banget. Sawise ngombeku mau wes entek aku marani arek maeng ben melu bal-balan.
Hawane wes mulai keroso panas. Aku pamit karo arek seng bal-balan mau yen ate moleh. Aku  tekan omah  jam 9.15. Aku gelendangan nang emper omah soale mester’e adem, dadi awakku melu adem. Kurang luwih setengah jam, aku diparani koncoku sing jenenge Dayat, tibakno deweke ngajak aku ngewangi gawe melok futsal amergo anggota tim’e kurang. Aku kondo yen wes kesel. Sakjane aku yo gelem soal’e aku engko ora melu urunan gawe mbayar sewo lapangan. Nguwasi yen mesakno aku akhire melu Dayat mau. Lan alhamdulillah menang akeh.
Tibakno futsalku iku mau totoan, sing kalah mbayari lapangan. Yen weroh ket awal aku ora melu soale iku podo koyok judi. Dayat mau daktakoni kenapa ora kanda ket awal yen totoan. Tapi yawes lah, wong barang wes kelakon. Untung ae menang.
Tekan omah aku mari leyeh-leyeh aku adus maringunu mangan karo mbalesi chattinge pacarku. Adzan dhuhur wes muni, aku langsung njupuk banyu wudlu lan sembayang ngimami adhik-adhikku. Jam 1 aku wes janjian karo arek-arek bal-balan sekolah gawe latihan soale telung dina wes turnamen. Aku budal setengah loro soale ngewangi ibuk ngentasi pemenan klambi.
Sawise tekan lapangan aku langsung ngumpul gawe latihan bareng arek-arek seng wes tak ceritakake nang nduwur mau. Latihane seru banget amerga enek wong Jombang pemain Barito FC seng melu latihan. Aku seneng soale bisa andum pangalaman tekan wong iku.
Jam setengah papat aku mulih, adus, lan sembayang. Aku wes dikandani ibuk yen ojo kakean bal-balan, tapi aku ngomong yen wes biasa ngene arek lanang. Ibuku ngandani yen seng penting weruh wayah.
Aku jam setengah lima futsal karo arek deso. Sakjane sikilku wes keroso kram mulai latihan nang sekolah mau. Tapi aku gak nggatekno, tetep budal wae. Tibakno mari 15 menit maen sikilku kerasa kaya ana sing mrekes. Aku gelendangan, guling-guling nang lapangan gak kuat ngerasakna sikilku dewe. Akhire aku digotong metu lapangan. Aku akhire mung bisa ndelok tekan njobo soale sikilku lara.
Aku muleh digonceng budi soale isih gak kuat mlaku. Tekan omah aku kanda ibuk yen sikilku kram. Ibukku malah ngomong kapok soale aku wes dikandani malah mbanggel. Akhire aku digowo nang tukang pijet, lan bengine sikilku wes waras. Mene senin aku bisa ngelakoni sekolah kaya biyasane.
Share Share Tweet Share

1 thoughts on "Bal-balan sampek sempel"

LEAVE A REPLY